kumpulan mantra

Upload: dikatok

Post on 03-Apr-2018

301 views

Category:

Documents


6 download

TRANSCRIPT

  • 7/28/2019 Kumpulan Mantra

    1/4

    KUMPULAN MANTRA-MANTRA JAWA

    Berikut ini adalah kumpulan Mantra Jawa, dahulu saya dapatkan selama dalam pengembaraan ilmu

    kepada para sesepuh dan dari kitab-kitab kuno. Rapal Mantranya masih asli dari sang pengijasah

    (pemberi ilmu). Belum saya kaji seluruhnya, baru beberapa saja. Salah satunya telah saya posting diblog

    ini. Bisa saja terjadi perbedaan rapal mantra dengan versi mantra dari kitab lain atau pengijasah lain.Saya tulis apa adanya masih dalam format bahasa Jawa, sesuai dengan yang pernah saya terima. Tujuan

    saya tulis disini cuma untuk mendokumentasikan mantra-mantra kuno ini, syukur-syukur bisa dikaji

    bersama, akhirnya bisa dipetik manfaatnya.

    Berikut Mantra-Mantranya :

    1. Mantra yen arep tarakbrata

    Yen arep tarabrata (tirakat), kudu adus wuwung disik, mantrane:

    Niyatingsun adus, angedusi badan kayun, manggih toya rabani, dus lali, dus mani, badan adus den dusi

    padha badan, roh adus den dusi pada roh, suksma adus den dusi padha suksma, dat teles suksma

    ngalam, dat urip tan kena kawoworan, urip sajroning karsa, ingsun adus banyu saking kodratolah, byur

    njaba, suci njeroning badan rabani, alahu sakarsa, alahu alaihi wasalam.

    Sawuse maca mantra, banjur adus wuwung kang resik.

    2. Mantra supaya betah tarakbrata

    Ingsun nutup rahsa, sang sir rahsa payungana ingsun, rahsa mangan cahya, cahya mangan rahsa,

    langgeng ing ciptaku, tetep mantep tan kena owah.

    Mantra diwaca saben bakda magrib kaping 40, yen lagi tarakbrata.

    3. Mantra supaya betah pasa

    Bismillahirrohmanirrohim. Allahuma sakatiI maut, badanku gumulung cahyoku jumeneng, ya ingsun

    ratuning cahyo, ngadeg ing damar murub, urube murub ing sajroning ati, terus ing paningal, laa illaa

    illallaahu, muhammadurrasullulah.

    Mantra diapalke yen duwe niat arep nglakoni sesirih/ pasa.

    4. Mantra niat melek

    Bismillahirrohmanirrohim. Niatingsun melek tutuga tekan sedina sesuk, manjing teguh rahayu kang

    santoso kagunganne Allah.

    5. Mantra supaya betah melek

    Manik coyo, bahyo coyo, coyo bahyo, sarine Allah ya Allah kulo nyuwun betah melek. Laa ilaa illallaahu,

    muhammadurrasuulullah.

  • 7/28/2019 Kumpulan Mantra

    2/4

    6. Mantra keslametan

    Shallallaahu alaihi wa sallam. Shifatullah, qulhu sungsang, tekenku poro malaekat, Nabiku Nabi

    Muhammad, luputo kang diarah, kenoho kang ngarang. Allahu akbar.

    Lakune mutih 2 dina 2 bengi. Mantra yen diwaca kanggo nemu slamet lan ora dijahili wong liya.

    7. Mantra ngambah papan angker

    Kun kanikun ingsun kun, kowe kama salah, aja angganggu gawe, aku ratuning kun.

    Lakune mutih 3 dina 3 bengi, wiwite dina Slasa Kliwon. Mantra diwaca sapisan aja ambegan.

    8. Mantra ngedohake ula

    Seh merling, Seh dumeling, dohna ingon-ingonira, sapembalangan dohe karo aku, aja wuruk sudi gawe

    marang awakku, golek sandhang pangan dhewe-dhewe, aku anak putune Nabi Solaiman.

    Lakune mutih 3 dina 3 bengi, wiwite dina Kamis Wage. Mantra diwaca yen lumaku ana ngalas, utawa ing

    papan kang sakira ana ulane.

    9. Mantra Pangirupan

    Allahu cahya mulya, sira sun kongkon, sira irupen cahyaning wong agung kang disuwitani, amora lan

    cahyaku. Laa ilaa illallah, muhammadurrosullullah, sir-sir-sir-sir-sir.

    Lakune mutih 3 dina 3 bengi wiwite dina Rabu Pon. Kasiyate mantra iki kanggo nundukake kekuatan

    suksma negatip wong liya. Utawa mantra diwaca yen weruh wong nyalawadi arep ngalani. Yen ditujuke

    mungsuhe, wong agung kang disuwitani diganti mungsuh lagi sengit.

    10. Mantra Kesakten Gaib

    Bismillahirrohmanirrohim. Ono jopo sewu, jopo siji datan tumomo. Sing mandi japaku dhewe. Laa ilaa

    illallah, muhammadurrosullulah.

    Lakune pasa Ngasrep 2 dina 2 bengi lan patigeni sedina sewengi. Wiwite pasa dina Slasa. Mantra diwaca

    ping 7 saben bada salat fardlu. Yen arep dicoba diwaca ping 7 utawa yen arep mangkat perang diwaca

    ping pisan.

    Mantra Pagering Awak

    Allahumma kulhuwallah, lungguhku imbar, payungku imbar, wong sajagad kabeh kang sumedya ala

    marang aku, nyawane kari sadhepa, saasta, sakilan. Wong kang sengit marang aku, cupeten angen-

    angene, sandhang pangane lan sabarang niate kabeh, pet cupet karsaning Allah. Lakune mutih 7 dina 7

    bengi, wiwite dina Kemis Wage. Mantra diwaca yen ana rerusuh utawa yen perang.

    Mantra Siluman

    Salallahu ngalaihi wasalam, alahuma kulhu Allah, lungguhku imbar, payungku imbar, mimang mimong si

  • 7/28/2019 Kumpulan Mantra

    3/4

    Wisakarma tengahing angin, apipit maya-maya ora katon apa apa, kang hima kakalangan petheng

    dhedhet alimengan si imbar ngemuli aku, wong sabuwana bloloken ora weruh aku. Lakune pasa 21 dina,

    kanane mangan (buka) mung sapisan sabenjam 12 bengi, yen pasane wis rampung banjur ngebleng 7

    dina 7 bengi, wiwite dina Rebo Pon. Mantra diwaca yen ana bebaya utawa yen perang. Yen ketrima bisa

    ngilang ora diweruhi wong.

    Ajian Petake Jeyengrama

    Ingsun amatak ajiku, Jayabarut ingsun jumeneng datullah, umadeg tengahing jagad, sakabehing

    mungsuh sakubeng ing cakrawala kang padha durhaka, krungu petak gelap sakethi, padha bedhah

    kupinge, pecah endhase. Lakune pasa 40 dina mangan mung sapisan sabenjam 12 bengi, sawise pasa

    tutug 40 dina, banjur ngebleng 7 dina 7 bengi, wiwite dina Rebo Pon. Aji diwaca yen campuh perang

    sarta ngarepake campuh.

    Mantra Sugih Banda

    Ing wayah bedhug awan, ana ing latar ngadeg madhep mangidul, madep mangetan, mantra, Sentanaku

    juru gedong Retna Dumilah arane, kang rumeksa gedhongku ing jagad wetan, bukaken gedhongku kang

    isi inten berlean lan sarupaning manik-manik, ingsun arep nganggo. Ing wayah bedug awan, ana ing latar

    ngadeg madhep mangidul, mantra, Sentanaku juru gedhong bambang Bunarbuwana arane kang

    rumeksa gedhong ing jagad kidul, bukaken gedhongku kang isi busana wastra sapanunggalane ingsun

    arep nganggo. Ing wayah sore mbarengi Suruping srengenge ana ing latar ngadeg madhep mangulon,

    mantra, Sentanaku juru gedhong Nurkencana remeng arane, kang rumeksa gedhongku ing jagad kulon,

    bukaken gedhongku kang isi kencana mulya lan kang sarwa picis sapepake ingsun arep nganggo.

    Ing wayah bedhug bengi ana ing latar ngadeg madhep mangalor, mantra, Sentanaku juru gedhong

    Srikolem arane, kang rumeksa gedongku ing jagad br, bukaken gedhongku kang isi sawarnaning pangan

    kang bangsa pan, palagumantung, palaka pendhem, palakasimpar, bangsaning iber-iberan, kewan

    belehan lan sarupane iwak loh ingsun arep bujana, ayo, ayo, ayo enggal enggal padha tumandhanga,saben Kliwon pada teka babarengan nggawa sakabehing kabutuhaningsun. Banjur temenga mandhuwur

    karo muni: bapa akasa, nuli tumungkul mangisor, muni: ibu pertiwi, nyuwun bantu. Lakune pasa 40 dina,

    kenane mangan mung sapisan saben jam 12 bengi, wiwite dina Kemis Wage. Sabanjure saben bengi

    tumindak mangkono iku, dadi turune sawise jam 12 bengi, puwasane mung cukup 40 dina bae.

    Mantra Pameling

    Allahu zat, allahu sifat, allahu asma, Allahu afgal, Allahu sidik, roh kudus, roh ilapi, roh sira rohingsun

    rohingsun dhewe Si (sebutna jenenge) tekaa enggal katemu aku. Lakune oran mangan uyah 40 dnai,

    wiwite dina rebo Pon. Mantra diwaca mbarengi pleteking srengenge, ngadhepake prenahe omahe wong

    kang diundang supaya teka.

    Mantra panolak tenung Tujuh Layar

    Allahumma kulhu buntet, kulhu balik, durgateluh, jim setan peri prayangan pada mara padha mati,

    jalma marang jalma mati, mati karsaning Allah.

    Lakune mutih 7dina 7 bengi lan pati geni sadina sawengi, wiwite dina Setu Kliwon. Mantra diwaca

    mbarengi surup srengenge, diwaca ing banyu diwadhahi pinggan, banyu kadamu ping 3, banjur

    kaombekake marang wong kang kena tenung utawa tujulayar.

  • 7/28/2019 Kumpulan Mantra

    4/4

    Mantra Senggara Macan

    Ana kedawang miber ing tawang alat-alat, macan sewu ing mripatku, macan putih ing dhadhaku, gelap

    ngampar suwaraku, durga mendhak kala mendhak, teka kedhep teka wedi, teka asih mungsuhku,

    kodheng madhep manut sakarepku karsaning Allah. Lakune mutih 3 dina 3 bengi lan patigeni sadina

    sawengi, wiwite dina Jumuah Pahing. Mantra diwaca yen wis adhep-adhepan lan mungsuh.

    Mantra Panglereman

    Yen ana ing dalan begal durjana. Suksma nuksma, nyawa sirna, roh njendhel, rep sirep si jabang bayi

    katrem ing dlamakanku. Mantra kawaca sapisan karo mandeng mripate wong kang arep mbegal. Lakune

    pasa 21 dina mangane saben jam 12 bengi lan patigeni sadina sawengi, wiwite dina Rebo Pon.

    Mantra Kateguhan

    Kaki kala ingsun njaluk kiambi watu, watu sakilan sageblog kandele, rasukan ing badanku, sakehing braja

    dawa tuna, cendhak, cupet tiba ing ngarepku, saka karsaning Allah. Lakune nglowong 3 dina 3 bengi,

    wiwite dina Rebo Pon. Mantra diwaca yen ana babaya pakewuh utawa yen maju perang.

    Mantra Padhang Atine

    Ati-ati katengi aku njaluk padhanging ati, ora ana padhanga ati, damar kurung cumanthel pulunging ati,

    byar padhang wus oleh padhang ati saking karsaning Allah.

    . Nukat Gaib

    Bismillahir rahmanir rahim. Ingsun wis tanpa paningkahe rasa jati, kaanane Pangeran.