tumplak punjen

Upload: krisna-hanjar-prastawa

Post on 16-Oct-2015

306 views

Category:

Documents


8 download

DESCRIPTION

jawa

TRANSCRIPT

Tumplak Punjen

1. Pengertian Pada mantu terakhir dilaksanakan acara tumplak punjen, Tumplak artinya tumpah ( keluar semua ) karena wadah di tumpahkan, Ditumplak artinya di tumpahkan, di keluarkan semua ( Poerwadarminta, 1939 : 614 ). Punjen artinya di panggul, yang dipanggul adalah tanggung jawab, yakni tanggung jawab orang tua terhadap anak, Tumplak Punjen artinya semua anak dipunji ( menjadi tanggung jawab orang tua ) setelah di mantuka ( ditumplak ), upacara ini dilakukan pada mantu terakhir oleh orang tua mempelai wanita dengan cara menumpahkan punjen ( pundi-pundi ) yang berisi peralatan tumplak punjen.2. Tujuan dan maknaTujuan dan makna upacara tumplak punjen adalah sebagai berikut :1. Menyampaikan syukur kepada Tuhan YME karena telah dapat menuntaskan kewajiban orang tua untuk menikahkan putri-putrinya.2. Memberitahukan kepada kerabat bahwa tugas untuk menikahkan putrid-putrinya telah selesai.3. Memberitahukan kepada anak bahwa tugas orang tua sudah selesai.4. Menunjukan cinta kasih orang tua kepada anak-anak dan cucu-cucunya.5. Sungkeman seluruh putra dan putrinya menunjukan bakti anak kepada orang tuanya.6. Memberikan contoh kepada anak cucu untuk suka berdherma kepada sesame, apabila ada kelebihan rizki atau harta.7. Harapan orang tua agar anak cucunya diberikan kebahagiaan, keceriaan, kesehatan dan kelebihan ( cukup sandang dan pangan ).3. Pelaksanaan Tumplak Punjen di laksanakan sebelum acara mapag besan / metuk besan ( menjemput besan ), tata cara upacara tumplak punjen adalah sebagai berikut : Salah seorang anak yang mewakili menyampaikan pernyataan atau sambutan yang ditujukan kepada bapak dan ibunya. Bapak ibu memberikan jawaban. Kemudian dilaksanakan sungkem / sembah di mulai dari anak yang tertua hingga pengantin ( anak yang terakhir ), suami istri ( semua mantu cucu dan cicit ) semua melaksanakan sungkem kepada bapak ibunya. Ketika sungkem, biasanya orang tua / bapak ibu memberikan kampil-kampil kecil berisi biji-bijian, beras kuning, empon-empon, bunga sritaman / triwarna dan uang, boleh juga ditambah dengan hadiah / parsel yang lebih berharga lainya. Setelah sungkeman selesai, bapak dan ibu menyebar peralatan tumplak punjen yang berada dalam bokor yang biasanya berisi biji-bijian ( beras kuning, kedelai, jagung, empon-empon ) bunga triwarna, dan uang receh maupun uang kertas, bapak ibu seperti menyebar udhik-udhik dan semua anak, mantu dan cucu, serta hadirin boleh berebut mengambil sebaran undhik-undhik tersebut, dan bapak ibu harus menyisakan isi bokor atau undhik-undhik di dalam bokor sebagai syarat tumplak punjen untuk anak terakhir. Setelah selesai menyebar udhik-udhik, sisa udhik-udhik di tumplak di depan pelaminan / di depan tempat duduk pengantin.Selesai.

Upacara Tumplak Punjen

Werdining Upacara Tumplak Punjen

Cekaking atur bilih upacara TUMPLAK PUNJEN punika satunggaling kabudayan Jawi ingkang adi luhung, liripun upacara punika mengku sasmita; antawisipunDados srana donga pamuji atur panuwun wonten ngarsa Dalem PangeranDados srana nelakaken raos bingahing manah, awit saged nuntasaken tugas lan kewajiban jejering tiyang sepuh ( saged peputra, lan saged nggulawenthah,lan mala kramakaken para putra )Dados srana anggenipun saged mbagi kabingahan dumateng para putra tuwin para kadang kinasih, inggih sedherek lan tangga tepalihDados srana pangajabing tiyang sepuh,.mligi kangge para putra wayah, kanthi mbagi udhik-udhikTumrap para putra wayah dados srana anggenipun sami nelakaken raos bingah bilih rama ibu kaparingan panjang yuswa

Pramila tradisi punika satunggal pemut dumateng sok sintena, nalika sami nnampi kanugrahan inggih punika GESANG. Mila ujaring para winasis tradisi adat punika sageda dados tuntunan, totonan, sumrambahipun mligi kagem para putra wayah anggenipun nelakaken kabungahan wekdal semanten.

Pramila wonten ingkang adicara tumplak punjen, tatalaksitaning upacara sarta ubarampe dados lambang ingkang kebaging samudana. Kados:.Sungkeman para putra, kinarya pratanda anggenipun caos bekti, saha anggenipun ngurmati dumateng rama lan ibunipunParingipun anggi-anggi dhumateng para putra, kinarya tanda anggenipun rama-ibu anglintiraken kabingahan lan kabegjanipunNyebar udhik-udik kinathi tanda anggenipun tresna asih dumateng para wayah-wayahipun

Yen miturut gotheking ngakathah bilih upacara tumplak punjen ugi dados srana paring pusaka adi, tumusing anggenipun paring sabdatama kados ingkang dipun paringaken Rama Ibu Prop Dr. Bambang Sumiarto dumateng para putra-putrinipun ing wanci punika, kinanthi candra sengkala , ARUM ILANG TANPA NETRA. Ingkang mengku werdi, bilih kasaenan ingkang sampun kawentar, datan wurung badhe ical tanpa lari jer boten linambaran saking telenging manah. Mula lajeng tumusing piweling:NGLUHURNA MRING AllAHIRANGLUHURNA WONG TUWANIRAAJA LALI MARANG SEDULURIRATUMINDAK,TUMANDUK MRIH ARUMING BUDIJAGANEN JEJEGING KAUTAMAN

( Gesang kedah ngluhuraken Allah, tiyang sepuh, sederekipun sumrambah ing sesami. Tuwin tansah ngupadi jejeging kautaman)

Ubarampe Upacara:Anggi-anggi punika wujudipun: arta, wujud wiji kados upami uwos / beras, dhele, tholo, kacang ijo lan jagung, sarta kunir ( kaparut), dlingo bengle kairis-iris, lan sekar setaman. ingkang dipun lebetaken kanthong utawi srana sanesipun

Dene anggi-anggi kapilah dados kalih:ingkang dipun wadhahi kanthong, mligi kagem para putra lan putra mantu, sarta putra ragil ingkang krama wekdal semanteningkang dipun wadhahi bokor/cupu , mligi kagem para wayah, sarta ingkang mbetahaken

Tata upacaranipun Tumplak Punjen

Upcara punika dipun tindakaken sasampunipun upacara kacar-kucur dhahar klimah, nanging saderengipun sungkeman manten.

Dene urutanipun inggih punika: para putra lan putra mantu, sami sowan jengkeng lan sungkem rama ibunipun yen sampun dipun sungkemi tiyang sepuh lajeng maringi kanthong anggi-anggi wau, salajengipun tiyang sepuh maringaken dhateng putra ing nembe krama. Ugi lumantar wakil ( putranipun ingkang dipun sepuhaken) maringi sedherek-sedherekipun ingkang sampun dipun sametakakenkantun piyambah, maringaken anggi-anggi kagem para wayah, kanthi cara anggi-anggi ingkang wonten cupu dipun sebaraken, para wayah sami ngrayah. Kanthun piyambah cupu wau lajeng dipun tumplak (dipun kurepaken) kanthi ngendika WIS RAMPUNG Dene anggenipun numplak ing jogan sangajenging putra manten lenggah (siniwaka) , Inggih kanthi makaten numplak cupu/bokor dados werdining upacara tumplak punjensalajengipun nembe methuk besan. Lajeng putra penganten sami sungkem rama ibunipun.

makaten ingkang saged kula aturaken, kirang langkungipun kula sumanggakaken para sutresna budayan. Nuwun

Kabudayan Jawa nduweni upacara adat sing diarani tumpak punjen lan tumplak punjen. Upacara tumpak punjen iku katindakake ing kalane wong mantu kang kepiasan, dene tumplak punjen iku katindakake ing kalane wong mantu kang pungkasan.

Punjen tegese pundhi-pundhi utawa celengan. Tembung tumpak punjen maknane tumapak ngiseni celengan. Sarehdene lagi mantu sepisan, mula kudu ngati-ati anggone nanjakake lakune ekonomi. Para luhur paring pitutur kanthi pralambang utawa pasemon tumpak punjen menawa diwedharake mangkene. "Kowe kudu ngati-ati mecaki urip kang bakal kelakon, butuhmu isih akeh banget, mula sing gemi nastiti ngati-ati, nyelengana dhuwit saben dina."

Tumplak punjen uga pralambang lan pasemon. Tumplak tegese ngesok. wong kang mantu pungkasan mono karepe mung kari iku butuhe.