cerkak

3
Naskah film B.jawa Andi : Merwin Anton : Wasis Indah : Banu Pak Guru : Rama Presenter : Banu Narator :Merwin Narasi : Andi, Anton, lan Indah kuwi kanca wiwit cilik, saben dina dolane bareng terus. Yen mangkat sekolah bocah telu kuwi uga samper – samperan. Scene : Andi dan Anton Kerumah Indah Ngampiri Sekolah (scene bisu Dirumah Wasis ) Ing sawiji dina Neng kelas Ibu guru mlebet lan aweh ngerti yen dina ngesuk arep ulangan matematika. Sawise bali Andi, Anton, lan Indah banjur pada janjian arep sinau bareng ing daleme Indah. Jam 13.00 Anton lunga nyamper Andi kanggo sinau bareng gone Indah. nanging ibune Andi ngendika yen Andi lagi dolan karo kancane. Bubar kuwe Anton lunga marang gone Indah. Dadine Indah lan Anton sinau bocah loroan nganti sore. Ngesuke pas lagi nggarap ulangan Matematika Andi kebingungen lan njaluk contekan marang kanca-kancane. Anton ngrasa melas marang Andi dadine Anton aweh jawaban marang Andi. Sawise ulangan, hasil ulangan kuwi dibiji dening Ibu Leli. Sawise Ibu Leli rampung mbiji, hasile diwacakna. Murid – murid ana sing seneng uga ana sing ora seneng. Anton pas ngerti bijine Andi luwih duwur sekang bijine dhewe banjur nyesel sampun aweh jawaban marang Andi. “ Murid – murid ngenjang ulangan malih nggih, menawi bijine taksih awon sinau malih supados bijine sae.” Kandhane Ibu Leli. Sawise Ibu Leli ngendika kaya kuwi, Anton, Indah lan Andi pada janjian maning arep sinau bareng neng daleme Indah. Kaya biasa, jam 13.00 Anton mangkat marang gone Indah, seurunge marang gone Indah Anton nyamper Andi rumiyin. Andi wis ngerti nek Anton arep nyamper dheweke. Andi kang wis ketagihan nyontek yen lagi ulangan

Upload: rama

Post on 01-Feb-2016

39 views

Category:

Documents


0 download

DESCRIPTION

cerkak bahasa jawa

TRANSCRIPT

Page 1: cerkak

Naskah film B.jawa

Andi : Merwin

Anton : Wasis

Indah : Banu

Pak Guru : Rama

Presenter : Banu

Narator :Merwin

Narasi :

Andi, Anton, lan Indah kuwi kanca wiwit cilik, saben dina dolane bareng terus. Yen mangkat sekolah bocah telu kuwi uga samper – samperan.

Scene : Andi dan Anton Kerumah Indah Ngampiri Sekolah (scene bisu Dirumah Wasis )

Ing sawiji dina Neng kelas Ibu guru mlebet lan aweh ngerti yen dina ngesuk arep ulangan matematika.

Sawise bali Andi, Anton, lan Indah banjur pada janjian arep sinau bareng ing daleme Indah. Jam 13.00 Anton lunga nyamper Andi kanggo sinau bareng gone Indah. nanging ibune Andi ngendika yen Andi lagi dolan karo kancane. Bubar kuwe Anton lunga marang gone Indah.

Dadine Indah lan Anton sinau bocah loroan nganti sore. Ngesuke pas lagi nggarap ulangan Matematika Andi kebingungen lan njaluk contekan marang kanca-kancane. Anton ngrasa melas marang Andi dadine Anton aweh jawaban marang Andi.

Sawise ulangan, hasil ulangan kuwi dibiji dening Ibu Leli. Sawise Ibu Leli rampung mbiji, hasile diwacakna.

Murid – murid ana sing seneng uga ana sing ora seneng. Anton pas ngerti bijine Andi luwih duwur sekang bijine dhewe banjur nyesel sampun aweh jawaban marang Andi.

“ Murid – murid ngenjang ulangan malih nggih, menawi bijine taksih awon sinau malih supados bijine sae.” Kandhane Ibu Leli.

Sawise Ibu Leli ngendika kaya kuwi, Anton, Indah lan Andi pada janjian maning arep sinau bareng neng daleme Indah.

Kaya biasa, jam 13.00 Anton mangkat marang gone Indah, seurunge marang gone Indah Anton nyamper Andi rumiyin. Andi wis ngerti nek Anton arep nyamper dheweke. Andi kang wis ketagihan nyontek yen lagi ulangan bebeh yen kon sinau bareng maning, dadine Andi lunga sekang omahe. Sawise Anton butul neng omahe Andi, Anto celuk – celuk Andi, nanging ibune ngendika yen andine wis lunga, dolan karo kancane malih.

Anton banjur lunga marang gone Indah, pas neng dalan Anton weruh andi lagi dolanan bal – balan. Sawise butul neng omahe Indah, Anton cerita marang Indah yen anton weruh Andi lagi dolanan bal- balan neng lapangan. Dadine Anton lan Indah sinau bocah loro kaya dina wingi maning.

Ngesuke pas ulangan Andi njaluk contekan marang Anton. Anton kang ngrasa wis dilomboni dening Andi aweh jawaban ingkang salah marang Andi. Sawise dibiji, bijine diumumna dening Ibu Leli. Ibu Leli maosaken biji paling rendah lan biji paling duwur. Sing olih biji paling duwur yaiku Anton lan Indah.

Andi ngerasa sante amargi bijine dhewe mesti olih apik, sebabe Andi olih contekan saking Anton.

Page 2: cerkak

Nalika Ibu Leli maosaken biji paling rendah, sing olih biji paling rendah yaiku Andi. Sawise andi krungu yen bijine Andi olih sepetit lan bijine Aton karo Indah olih akeh, Andi ngrasa kesuh marang Anton menawi wis aweh jawaban sing salah.

Sawise bali Anton digawa dening Andi marang mburi sekolah lan di takoni dening Andi.

Andi lan Anton eyel-eyelan ngantekan arep gelut. Pas lagi marang mburi Indah weruh yen Andi karo Anton arep gelut, banjur Indah tutur marang Ibu Leli. Bubar kuwe Bu Leli mburu marang mburi lan nakoni Anton lan Andi apa sebabe arep pada gelut.

“ Kiye ana apa pada gelut bae ? “ Pitakone Ibu Leli.

“ Niku Bu Anton rumiyin ingkang ndamel masalah. “ jawabe Andi.

“ Masalah apa ? “ Pitakone Ibu Leli.

“ Niku bu, nalika ulangan kula dipunparingi jawaban ingkang salah ten Anton ” Jawabe Andi.

“ Lha apa kowe ora sinau, deneng kowe takon Anton ?“ Pitakone Ibu Leli.

“ Mboten Bu. “ Jawabe Andi.

“ Mbok bu guru wis ngendika kon pada sinau. “ jawabe Ibu Leli.

“ Inggih bu, kula lan Indah wingi sampun janjian kaliyan Andi badhe sinau bareng sasampunipun wangsul sekolah, tapi nalika kula nyamper teng daleme Andi, Andi saweg dolan. “ Jawabe Anton.

“ Lah Andi, Anton wis nyamper kowe malah dolan. Ya wis, aja di ulangi maning, wiwit saiki nek ulangan kowe pada sinau, nek bisa sinau bareng kaliyan kancane sing wis bisa. Dadine nek lagi ulangan bijine pada apik – apik.” Ngendikane Ibu Leli.

“ Iggih bu “ jawabe Anto lan Andi.

Sawise domongi teng Ibu Leli. Nalika arep ulangan, saiki Andi dadi sregep sinau, lan nalika Anton nyamper sinau bareng Andi saiki Andi wis siap neng ngumah. Dadose pas ulangan Andi wis ora takon marang kanca – kancane maning lan bijine luwih apik.

MACAPAT : KONFLIKAKSARA JAWA : SUBTITLEPAWARTA